Assalamualaikum Wr.Wb
Bapak Kepala Sekolah ingkang
kula kurmati. Bapak/Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan. Konco saha adik-adik
ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti
ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah saengga
kita saged makempal wonten aula ………… kangge ngawontenaken acara perpisahan.
Bapak/Ibu Guru ingkang kula
kurmati, kula minangka wakilipun putra-putri klas tiga ngaturaken agunging
panuwun awit keiklasan saha katresnan Bapak/Ibu Guru anggenipun nggulawentah
para siswa saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kalampahan
sadangunipun tiga tahun.
Bapak/Ibu Guru tuwin adik-adik,
sakedhap malih kula sarencang ninggalaken pawiyatan punika. Sanadyan sampun
pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyenyuwun
supados taksih celak ing penggalih.
Kula sarencang kelas tiga punika
tansah nyenyuwun lan ndedonga adik-adik sedaya kasil anggenipun ngangsu kawruh
ing pawiyatan punika. Kula minangka wakilipun rencang kelas tiga, tansah nyuwun
gungan, mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau.
Kula kinten boten prayogi menawi
atur kula pepanjang. Menawi wonten kirang tatakrami anggen kula matur, kula
nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum Wr.WB