Kamis, 19 Februari 2015

BAHASA JAWA

Assalamualaikum Wr.Wb
                Bapak Kepala Sekolah ingkang kula kurmati. Bapak/Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan. Konco saha adik-adik ingkang kula tresnani.
                Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah saengga kita saged makempal wonten aula ………… kangge ngawontenaken acara perpisahan.
                Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati, kula minangka wakilipun putra-putri klas tiga ngaturaken agunging panuwun awit keiklasan saha katresnan Bapak/Ibu Guru anggenipun nggulawentah para siswa saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangunipun tiga tahun.
                Bapak/Ibu Guru tuwin adik-adik, sakedhap malih kula sarencang ninggalaken pawiyatan punika. Sanadyan sampun pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing penggalih.
                Kula sarencang kelas tiga punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adik-adik sedaya kasil anggenipun ngangsu kawruh ing pawiyatan punika. Kula minangka wakilipun rencang kelas tiga, tansah nyuwun gungan, mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau.
                Kula kinten boten prayogi menawi atur kula pepanjang. Menawi wonten kirang tatakrami anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum Wr.WB